Aku melu yo cah …..

Assalamu ‘alaikum

walau agak telat, aku melu yo ?

Salam kenal buat semuanya, aku lahir neng Desa Carangrejo RT.01/RW.01, Kecamatan Sampung, Kabupaten Ponorogo.

Sekolah TK neng TK Darma Wanita Carangrejo 1 (mungkin, itu TK pertama di jamanku, maklum jaman semono isih jadul banget). 1 tahun kemudian, neruske neng SD Carengrejo 1. Bubar iku, lanjut neng SMP Pasar Legi (sing biyen ono wit ringin gede neng ngarepe, tapi saiki wis di tegor. Trus mburine pasar loak, tempat favorite sewaktu mbolos. Pernah di kaploki karo guru Matematika, pak Tito, mbuh biyen wonge kesurupan opo piye, soale kabeh muride sak kelas di kaploki ambek garisan kayu). Cukup 3 tahun di SMP 1, lalu neruske neng SMA Siman (soale khan secara administratif masuk Kabupaten Siman :-) ). Jaman semono, SMA 1 terkenal SMA sing bebas banget. Masuk sekolah sak karepe dewe, iso mlebu jam 8, 9 atau jam 10 nembe mlebu yo ora opo2x. Yen jam pertama iku pelajaran Bahasa Indonesia  atau PMP, dijamin sepi pengunjung :-) .  Lulus SMA, neruske neng Brawijaya Malang.

Saiki, terdampar neng metropolitan (kota dimana aku gak pernah membayangkan sebelumnya bisa hidup disini). Macet, panas yen udah banjir wis dadi kebiasaan neng kota sing penduduke uyel-uyelan ngene iki.

Semenjak tahun 2002, wis jarang mulih neng Ponorogo, soale wis ora ono wong tuwo neng kene. Suatu ketika, sebetulnya pingin banget yen bengi aku iso mlaku-mlaku numpak sepeda karo konco-konco neng ndeso golek wedang kopi, nanging arep kepriye maneh?

Untunge ketemu KOTAREYOG, moga-moga iso nambani kangene ati lan moga-moga ono konco2x-ku sing uga gabung neng kene. Yen ono acara kopdar, kasih tahu ya ? siapa tahu aku pas dolan neng Ponorogo, iso gabung dengan temen2x di sini.

Oh ya, blog-ku ono kene  http://www.mawarbiru.net

kenapa MAWARBIRU ? soale jaman semono, aku seneng banget karo Langgam “Mawarbiru” sing dinyanyikan oleh Sunyahni. Ha…ha….ha….

Share on Facebook

agungudik sudah menulis 2 artikel dalam Kotareyog.com.

Biyen lair neng Ponorogo, nangin saiki wis ora nduwe omah neng Ponorogo

33 Responses to " Aku melu yo cah ….. "

  1. pertamax :)

    salam kenal mas agung

    mugo2 krasan yo

    salam

    mantune warok ngebel

    warok_suromenggolo postingan terakhir..telaga ngebel

  2. arifudin says:

    Wah… aku punya teman juga dicarangrejo lo :)

    yup salam kenal kagem maz agung.

    Sukses slalu…:)

    arifudin postingan terakhir..Semangat ngeblogku

  3. meylya says:

    salam kenal mas agung

    sugeng rawuh di kotareyog.com

    meylya postingan terakhir..Beruang Kutub Kepanasan

  4. alief says:

    wah…., salam kenal yo mas…..

  5. dafhy says:

    salam kenal ya mas

  6. herman says:

    wah, seru yo iso eling-eling kampung.mas masio aku dudu wong ponorogo tapi oleh gabung kan!!!!!!.
    Aku asli wong maospati mas, lumayan adoh sih, tapi yo sering dolan neng ponorogo, utamane yen malem 1 suro mlaku-mlaku neng alun-alun karo yen ono golek – golek kenalan.trus yen ono konco (mestine yo cewek) asik lho dolan neng tlogo ngebel, soale nggone adem dadi numpakmotore tambah rapet.
    Tapi sayang wis 3 tahun iki aku ra bali njowo, kerjo neng sumatra mergo karepe mbahe kon dadi polisi.yo iki akibate jarang bali.
    mas yen ono khabar ponorogo aku diwenehi ngerti yo, itung – itung kanggo ngobati kangen.

  7. yekti says:

    salam kenal ya mas……

    ooo….aku juga alumni SMP 1 lho….tapi untungnya aku belum pernah yag namanya dikaploki sama pak Tito.Mungkin pak tito itu kesurupan “mbah ringin”makanya kaya gitu.heheheh…gak sopan. saiki wit ringine wis ditegor….dadi wis ra enek sing ngarasuki meneh…hehehehehehe

  8. denologis says:

    salam kenal sam. commentku #8 e.

  9. gajah_pesing says:

    Salam kenal.. Monggo di sekecakaken.. Banyak-banyak posting ya..

  10. wahyoe says:

    salam kenal nggih mas…:)
    no # 10 ( apik dewe ng biji sekolah ) hehehehe….

    wahyoe postingan terakhir..TIPS MEMBUAT SURAT LAMARAN PEKERJAAN

  11. denologis says:

    lak yo akeh #11. hehehehe. mampir dab.

    denologis postingan terakhir..Blogger Gak Bener?

  12. galihyonk says:

    Salam kenal mas…

    Wew akhirnya ketemu ma moderator milis SMA “siman”….

    :mrgreen:

    galihyonk postingan terakhir..Sistem Baru di Parkiran FMIPA

  13. Wongbagoes says:

    Hmm,…

    Akhirnya muncul juga nih.,,

    Monggo2 mas disekecakaken,..

  14. det says:

    weleh-weleh.. sugeng gabungan cak..

  15. agungudik says:

    wah…sambutane luar biasa…..
    matur suwun…matur suwun…matur suwun…..
    Salam kenal semuanya, dan semoga aku bisa ikut aktif nulis di sini…
    Sekali lagi matur suwun sederek-sederek……

  16. bendiel says:

    melu yo oleh….slm kenal aja tuk carang rejo…

  17. ilowirawan says:

    Salam kenal mas. Dadi anak Monas yo…. Sering2 posting nggih…

    ilowirawan postingan terakhir..Amalan Setelah ramadhan

  18. noersam says:

    selamat datang di kotareyog.com..semoga bisa mengurangi rasa rindu kpd kota tercinta..salam buat pak SBY

  19. kakang lll 2008 says:

    A biyen yo lulusan sma siman lo mas.bih,kuangen A mergane kwi wis 3 tahun kpungkur..pak toti saiQ kiro2 wis insyf gak bakal ngaploki sampeyan neh…huehehe…carangrejo????tonggone mas panut no???

  20. an_reog says:

    weh aku no 20 wis gak popo. salam kenal nggeh mass dipun sekecak ken nggehhh

    an_reog postingan terakhir..Do’a Cinta Sang Pengantin

  21. Rizky_ANg says:

    salam kenal ja nggih mas agung……..

  22. unting says:

    Salam kenal pak nek muleh ayo tuku tepo yo \
    ROJER di monitor

  23. ardhietechno says:

    inspeksi doloe….salam kanal om

    ardhietechno postingan terakhir..Jika Google merajai dunia

  24. nuruli says:

    sayam kenal nggih mas….

  25. anton sulistiyono says:

    Seep, semangat selalu mas…

  26. arlinta says:

    salam kenal..
    bisa bagi2 pengalaman nih ..

  27. Johan says:

    Gung/ora salam kenal kudune koen wis kenal :) ..kowe saiki nang ndi? dadi eling pas moco “sak kelas dikaploki pak tito karo garisan” hee..hee..iki koncomu sak kelas bareng2 pernah dikaploki pas nang SMP 1/ 1H..tp alhamdulillah kok krn pak tito awak dhewe dadi tahan pukul :)

  28. agungudik says:

    Johan 1H ? apakah Johan Andri Yahya ?
    Saiki neng ndi pak?
    Hubungi aku di agungudik@gmail.com aku tunggu yo….

  29. kaudanaku says:

    ga usah salam kenal yo mas, wes kenal e masio lewat YM thok, hehehehe……..

    akhire sampeyan nampang neng kene juga mas….

    kaudanaku postingan terakhir.. tanpa judul

  30. fitri says:

    Salam kenal….pak tito emang selalu terkenang he….

  31. arif bungkal says:

    Saiki pak tito wis dadi kepala mas, neng smp 3 slahung. Mbiyen aku yo tau dijiwit pak toti. aku alumni smp pasar legi thn 99 & sma siman thn 2002.

  32. om fangke says:

    halo salam kenal buat yang empunya web n sedulur sedoyo salam knl kmwon gek nyuwun sewu sederek puniko daleme pundi nggih kulo lare carang rejo lo

  33. om fangke says:

    sedulur sedoyo nek pengen chat nek facebook golek ono jenengku om fangke yo tak tunggu sedulur sedoyo

Leave a comment