Domain co.cc kanggo alamat email sarono nunut domains.live.com

Senajan domain Co.cc gratis tapi fasilitase
cukup komplet.Sakliyane biso kanggo alamat situs yen dinunutake webhost,biso ugo kanggo
alamat email sarono nunut mailhost.Saktenane dudu rembug anyar,nulisake carane gawe Email
kanthi domain Co.cc sarono nunut
Google apps utowo
domains.live.com duwekane Microsoft.
Senajan mengkono,tetep tak tulis.Sopo ngerti biso maedahi tumrap poro konco.
Ing kene aku arep gawe conto setting domain
Co.cc kanggo alamat email sarono nunut
domains.live.com.
Jalaran bab domain Co.cc lan
domains.live.com,
sakmesthine yo kudu anduweni domain ing Co.cc
lan Windows Live ID.Gawe disik yen pancen durung duwe.
Yen wus anduweni domain sing arep kanggo alamat email umpamane
mumetmail.co.cc,banjur login ing
domains.live.com
kanthi Windows Live ID.
Sakwuse login ing kono klik ‘Add domain’ sing bakal munculake kolom
kanggo nulisake domain.Domain ditulisake ing kolome lan pilihan setup dipilih
‘Set up windows…’ terus klik ‘Continue’.
Ing kaca sakbanjure ono syarat syarat soko domains.live.com sing kudu dituruti
kanthi ngeklik ‘I accept’.
Yen ‘I accept’ wus diklik banjur karo
domains.live.com diwenehi kode sing perlu
kanggo setting domaine.
Sakabehe settingan sing diwenehake domains.live.com
iku sing kudu dicakne ( required )
mung siji yoiku setting MX Record.Wondene liyane iku ora kudu ( recommended ).
Disawang lan ditulis utowo dicopy kode MX Record mau.
Contone rupane kode koyo 1234567890.pamx1.hotmail.com.
Teko kene sawetoro lakon ing domains.live.com
dilereni pindah menyang Co.cc
sakperlu nyeting domain.
Gawe Record anyar ing domain sing wus didaptarke ing
domains.live.com.
‘Setup’ Pilih ‘Zona Record’. ‘Host’ diisi domain kanthi utuh
( umpamane mumetmail.co.cc ). ‘TTL’ dipilih ’1H’.'Type’ dipilih ‘MX’.
‘Priority’ diisi ’10′.’Value’ diisi kode sing MX sing wenehake domains.live.com
( umpamane 1234567890.pamx1.hotmail.com ).
Seting domain dipungkasi kanthi ngeklik ‘Setup’.
Co.cc ditinggal,balik maneh menyang
domains.live.com. Ing Admin centere
domains.live.com domain sing didaftarke mau
katingalan statuse ‘Pending…’.
Kudu diaktifake soko ‘Domain settings’ terus klik ‘Refresh’.
Tombol sing asale ‘Refresh’ malih dadi ‘Updating’ nuduhake yen
domain nembe dalam proses Pengaktifan.
Teko kene setting wus rampung kari ngenteni aktife supoyo biso
kanggo nrimo utowo kirim email kanthi alamat @mumetmail.co.cc.
Sampun cekap nek kurang ditambahi dhewe,nek luwih yo diguwak wae.. Hehehe..

Share on Facebook

ndezo sudah menulis 3 artikel dalam Kotareyog.com.

10 Responses to " Domain co.cc kanggo alamat email sarono nunut domains.live.com "

  1. azaxs says:

    hoho.. ngunu yo kang.. tutorial apik kang..okeh mbantu konco-konco maturnuwun katah..

  2. bend says:

    barang gratis… barang gratis…
    monggo sami dipun rusak sesarengan…:D

  3. elvigto says:

    Sip kena kangge alternatif email selaini yahoo kari gmail

  4. arifudin says:

    wah langsung dicoba kang ;)

  5. Yudan says:

    yo wez, tak jajale langsung,,,suwun bAng

  6. langsung praktek makasi bosss infonya….

  7. MaRLiF says:

    isooooooooooooooooooo e akang iki.
    yo wissssssss, tak coba e sikik…..

  8. AND-ry's says:

    mangstaph kang. njajal tak cobone sek

Leave a comment