Kenalan sek yo cah ..
January 3, 2010 by atvim · 35 Comments
Assalamulaikum ..
behh .. tambah sip ae Ponorogo ku iki .. Bangga aku ..
Kenalan sek yo cah, jenengku Miftakhul Ulum, aku asli Ponorogo tapi saiki sekolah neng Malang. Omahku neng Tamansari, Sambit, yo lumayan adoh soko kutho ..
Janji krungu kotareyog.com maleh kangen aku karo kutho reog iki, lha aku biyen di gedekne tur di pakan neng kutho sing okeh sate ne iki e.
Biyen jaman mbeling2e bocah, jaman SMA. Wes to, pokoe bendino kor uyar-uyur nang kutho, SMAku biyen ndilalah yo SMA 2 Ponorogo, dadine yo koyo wes mesti lak ben dino kota2.
Jaman semono ki biyen jujukane cah enom2 Ponorogo ki lek ra Blok M yo dalan anyar. Bedone, lak sing nyang Blok M ki sing podho ndue gandhengan, lak sing neng dalan anyar ki sing mripate sepet mergo ra ndue gandhengan. Makane trus lungguh trus ngetne sing bening2 liwat. haha, guyon cah .. Aku biyen yo tau ngrasakne loro2ne mergakno.
Oiyo, siji maneh sing sip tenan. Yoiku Telogo Ngebel karo Gurameh bakare. Wis to, pokoe lak wis lunggung neng pinggir segoro karo ngadep gurameh bakar, rame2 karo konco2 pisan, jian mak nyuuuss tenan. haha ..
Jan pokoe kenanganku neng Ponorogo iki rueno-reno, sing tuku jagung bakar neng alon2, numpak sepur2an, ndelok pilem neng apolo, ketilang polisi neng sar pon, sampek njaraki bencong neng terminal lawas. Wes pokoe ra bakal iso nglalekne cah. haha ..
Nah, masalahe saiki aku wis rodo adoh karo kutho reog iki, rung mesti sesasi pisan muleh. Makane to aku ndaftar KRC iki ben tetep ndue link karo Ponorogo. Liyane kui aku yo pengen ngerti perkembangane Ponorogo ki piye, ngono lo cah ?
Saiki bocah sing jaman SMAne biyen ndiableg, telatan, bolosan, ra tau nggarap peer, ulangan gaene remidi(lha kok yo lulus?? haha) iki wis rodo mari lek nakal, wis kuesel lek ku mecicil. Makane to saiki rodo gelem mikir, rodo gelem sinau, trus njajal gae blog jenenge: angryoungenerations.wordpress.com . Sing isine pokoe opo sing takngerteni neng njobo kene, khususe ruwete negoro iki. Wes pokoe wocoen dewe cah ! Jo lali komen ..
Yawes ngono tok ae, lek kedawan seneni mas admin aku engko .. hehe
Pokoe engko lak aku muleh insya Allah takmelu kopdar, Oke ..
Oiyo, salam neng Pak Muhadi yo cah, mugi paringi waras tur resik selama mimpin Ponorogo iki ..
Wassalamu alaikum ..




Alamat blognya apa mas?
yo ngene iki lho cah ponorogo tenan ke….
salut aku mas…..
lek mangkalku ket mbiyen teko saiki neng wakoka kek jare kafe gaule cah enom?
iyo kek blogmu opo iki kok gak di dudohne?
lha iku wes enek ngono lo cah: http://angryoungenerations.wordpress.com
ketok lek ra tenan iki mocone .. haha
wa……,matane jidat rodok sowak,moso gak keton tulisane alamat blog??
blogger warok rayon malang iki, melu arifudin konoh.
btw, ya wis salam kenal wae lah. nek muleh ponorogo, melu kumpul karo bocah2 yo
_dawam-males-ngedit-nama-email-dan-alamat blog-sekalian-promo-blog-baru-diinstall-udah-diinject-hacker_
Mantebs tenan kie,,, Sugeng rawuh…
met guabung ama KOTAREYOG.COM
wehh.. konco anyar neh.
welcome to the jungle maz.
aku buaya. hehe..
@cah ndeso: yowe, ayo kapan2 neng wakoka ae ! panggonanq mbolos kono iku biyan .. hhaa
@aliep: wehh , ojo disoak2ne to .. hhaa .
@yusheva: lha aripudin opo yo kera ngalam ?? wooke , lak muleh ayo ngumpul , pisan golek dawet jabung , neng kene ra enek og ..
opo kotareyog.com nggae usaha dawet jabung neng malang ?? hhaa
@wongbagus: mantab jaya juga pak .. tursuwun ..
@ripriss: tursuwun sambutane mas ..
@yusron: sami-sami mas .. moso teko alas barang ?? hhaa . aku cicak ae lekno , KAMI CICAK BERANI LAWAN BUAYA .. hhaa
lak wes pdho ngerti blogq ayo pdho moro , takenteni pendhapat2 mu .. ayo diskusi cah ..
tak enteni temenan lo .. oke2
selamat datang n salam kenal
Salam kenal sam..
Salam 1 jiwa sam
Monggo mampir
salam knal mas
salam kenl ya… tak kiro ora onok alamt blogge,ternyata onok, hehehe
ngetok-ngetok i lek moco gur kilasan tok… hehe
Wah… Mantab Tenan iki
la iyooo opo iku jenenge blog e hehe salam knal boss
bejo tenan sing iso sekolah adoh.aku teko adoh tapi dadi buruh neng malaysia.ponorogo mmg afic mas
aku lahir neng deso janti,desoku ketinggalang agt.pengen aku meluahkan keluh kesah iki.tulung dudohno alamat email pemerintah ponorogo,tulung yo mas.
sili: ketinggalan piye lo mas ??
aq yo rung ngerti marai email.e pemkot ponorogo ..
piye cah2 KRC iso ngewangi ra ??
pdo curhat kbeh ngono?
mator suwun mas atvim,tanggapapane
majulaih ponorogo
kulo nyuwun emaile pemkab Ponorogo.tulung gih sederek sedoyo
Eeehmmm,,,cah bagus,aku jg mau knalan dulu..!!Rumah ku juga ngak jauh dari Tamansari-mu..Ni aku lagi di negri orang,,wah kebetulan banget nyasar ke Blognya arek PNROGO,jadi bisa bernostalgia nich,,hwehehehe…
Sharing dikit blh donk,,nape kok kagak pake bhs nasional aje tu postingannya???,biar bisa go nasional,,
Piye carane mengkritik pemkab ponorogo mas?
gini mas sebelum sampean mengkritik , sampean perlu mengetahui beberapa ini mas:
1. Pahami dan kuasai terlebih dahulu permasalahan yang akan kita kritisi tersebut. Sering saya melihat orang mengeluarkan pendapat atau opini atau kritik tanpa mengerti permaslahan sebenarnya, sehingga yang muncul adalah kesalah pahaman.
2. Cara Anda Mengkritik. Cara mengkritik merupakan sebuah media/ saluran bagi sampean untuk menyampaikan kritik, opini atau uneg-uneg. Gunakanlah cara yang santun dan baik, selain itu jangan sampai anda menyampaikan kritik secara emosional serta gunakanlah bahasa yang baik dan tidak ambigu agar tidak menimbulkan kesalahpahaman.
3. Menyesuaikan dengan Sikon. Jika akan mengkritik seseorang saya sarankan sampean untuk melihat situasi dan kondisi orang tersebut, perhatikan mood/ suasana hati orang tersebut. Dan jangan sekali-kali anda menyampaikan kritik yang pedas di hadapan orang lain apalagi orang banyak. Selain membuat orang tersebut malu juga kurang etis, sampaikan kritik anda ketika orang tersebut sendiri dengan suasana hati yang baik.
4. Jika orang yang anda kritisi/ kritik mau merubah diri atau melakukan apa yang kita sarankan, jangan sekali-sekali anda merasa berjasa atau memiliki andil atas perubahan tersebut. Selain menimbulkan rasa ujub/ takabur, hal tersebut juga menunjukan secara tidak langsung bahwa diri andalah yang sesungguhnya harus dikritik.
5. Jangan lupakan yang namanya ‘niat’, ketika anda mengkritisi atau memberi saran kepada orang lain niatkan sebagai ibadah dalam rangka ‘amal ma’ruf nahi munkar’.
mbak astuti:
lha sampean rumahe endi lo mbak ??
hhee , ngene mbak ..
aku ki wong sing gak percoyo ambe slogan2. Patriotisme utowo nasionalisme gak mungkin tumbuh soko hipokrisi dan slogan-slogan. “Seseorang hanya dapat mencintai sesuatu secara sehat kalau ia mengenal objeknya. Dan mencintai tanah air Indonesia dapat ditumbuhkan dengan mengenal Indonesia bersama rakyatnya dari dekat.” contohe ya nganggo bahasa daerah ngene iki ..
i do love this country , but not the fuckin government
Walaaah,,mah ku yo nang ndueso kok!Kec.Mlarak rak yo ruh tho,,nah di situlah kampung halaman yang selalu kurindukan…*”sok puitis”* hehehe.
Oooo,,gitu tho.tapi kalo pake bahasa indonesia,smua org kan ngerti pa yang ingin kamu utarakan.Siapa tau aja blognya arek warok ni bisa,,ngetrend kayak blog2 no wahid yang da di dunia maya ini.
Aku kan juga ikut bangga,gitu lho…
“Eeeehmm,,met berkarya,met ngeblog ria…isi dengan postingan2 yang bermanfaat”
Atvim,,aku suka berkunjung ke blognya anak Makasar,ni wbnya http//meetabied.wordpress.com
Nak awakmu,,nek ksempatan,coba klik bntar..
Ada FB nya cah bagus.
kok jadi media complin ya,sip mas atvim.pesanmu masuk akal.sory bagi kesinggung.