Nyambung Paseduluran ning Wonosobo

Beauty of WonosoboBlogger Warok, ing tetuju nyambung paseduluran karo sedulur-sedulur blogger seka daerah liyane, ngutus telu carakan kanggo nekani Wisata Blogger 2009 ning Wonosobo. Carakan telu hiya iku Azaxs, Dafhy, lan Denologis. Budhal mbonek alias mbokep, bocah telu kuwi budhal numpak bis seka Madiun sakwise ngandangke motor ning terminal Purbaya. Budhal seka Madiun arah-arahe jam 8.15 isuk dina Kemis (23/07), lan nyampek ning Jogjakarta pas jam 12.15.

Ning Jogja, bocah telu kuwi ora mudhun ning terminal, ananging mudhun ning Janti. Lha nyapo? Mergane bocah-bocah kuwi arep mampir ning kos-kosane Ardhie sak kidule Janti, cedhake STMIK AKAKOM sekolahane. Ning kono, bocah telu kuwi isoh turu-turu, mangan-mangan, ugo adus. Jam 14.30, Ardhie ngeterke carakan telu kuwi mau menyang terminal Giwangan cik numpak bis jurusan Magelang.

Sopir bise nguebut sampek meh nyrempet beton piwatesi ratan, untunge ora onok apa-apa. Ora kaya pas numpak bis Madiun-Jogja sadurunge. Na, sakwise nyampek terminal Tidar Magelang, carakan telu kuwi mau oper bis mini jurusan Magelang. Sangking minie, sampek bek mencep deh. Padahal ning ngendi-ngendi sing jenenge bis mini ancen yo kaya ngono kuwi.

Wiwit mlebu Temanggung, hawane wis lekas adhem, sampek-sampek Dafhy kemretekan kabeh. Baidewei, slogane Temanggung iku unik, Temanggung Bersenyum. Azaxs takon, “Opo bedane Bersenyum karo Tersenyum”? Jare Dafhy, “Nek Tersenyum kuwi refleks, lha nek Bersenyum kuwi mekso”. Terus Denologis nyauri, “Halah, sing penting nek rumasaku, Bersenyum iku singkatan seka Bersih Sejuk Nyaman lan Untuk Umum”. Untuk Umum? Kaya toilet wae.  Sing bener, Bersenyum iku Bersih Sehat Nyaman Untuk Masyarakat.

Sakwise tekan Wonosobo, carakan telu kuwi mau mudhun ning BLK Wonosobo. Ning gedhung sing digawe panggonan sinau calon-calon TKW lan pegawe praktis iku, wis ana panitia sing ngenteni lan jebule yo wis ana bocah lima seka Cahandong sing ya wis lagi wae teka. Bocah lima kuwi hiya iku Gunawan Rudy, Defickry, Iphan, Alle, lan Nico Wijaya.

Sakwise (maneh) nyeleh tas ning kamar lan nyanggong ning lobby, pak Andy MSE si Blogger Nasional rawuh karo Makibaone. Jagongan suwe nyambi dulinan komputer lempit alias laptop, ora krasa jame wis ngarah jam 12. Cik ndang budhal turu, pak Andy ngajak ndang ning kamar wae. Padahal ning kamar kuwi ya sik pancet jagongan wae karo niat posting tulisan iki. Ananging mergo koneksine parah, dadine ya ora sida, sidane ya isuk iki ditulis lan diposting.

Gunung Kembar Juga

Ya wis sakmene dhisik wae lah. Gawe laporan lengkape, sedulur isoh maca tulisane Azaxs lan pak Andy sing bebasa Indonesia iki utawa ngenteni wae tulisanku sesuk. Nek pengen ndelok sebagian gambar sing dijepret, klik wae gambar ning nduwur kuwi. Tenang wae, gambare tak simpen ning Flickr.

Tags: ,

About Dawam Multazam

Dawam Multazam, blogger pragmatis-oportunis-romantis, tinggal bersama keluarga di http://multazam.co.uk/
Subscribe to Comments RSS Feed in this post

26 Responses

  1. tunggu juga tulisan saya yach (mrgreen)
    .-= dafhy´s last blog ..Catatan Sebuah Perjalanan =-.

  2. salut

    atas semangat persaudaraannya…..

  3. Siip…

    salam ngge cah2 neng kono…
    .-= Wongbagoes´s last blog ..KA Ekonomi sudah Kepepet, Dipepet pula =-.

  4. Nyenengkeh sakjake…..
    .-= mazblend´s last blog ..Outpost Firewall.. =-.

  5. Mugi2 kito sedoyo saged nambah pengalaman ;)

  6. aku demen karo tulisane kuwi, denologis ke asline wong jowo opo uduk to,,,?
    wes andalanku yo mong siji,,,,
    LEMAH TELES.,,

  7. biyuhh biyuuuhh…… ora kesel tho iki? tapi seng jenenge persaudaraan dan silaturrahmi iku memang perlu niat, tekat lan semangat… salam kabeh yo karo sanak kadhang wonosobo. TT DJ. ati ati neng ndalan…
    .-= masdjoen´s last blog ..Karena Perempuan Takut Mencintai! =-.

  8. duh duh… blogger warok emang top..
    .-= Andy MSE´s last blog ..Dieng dan Wonosobo [kenangan manis] =-.

  9. ealah, hik hik ga sido melu maning…..
    Ki acarane puncak durung di selenggarakan dawan kok wez kasih report yak…. hehehehe
    Ga po2, malah syipz, itung2 siaran *setengah* langsung, biar kita di sini yg ga bisa ikut ke wonosobo mengetahui keadaan di sana hehehehe….
    Chayo Blogger…..
    saya tunggu kabar selanjutnya…

  10. kyaknya perjuangannya seru bgt nih…pakek naik biss sgala…
    semangat men…..azzax, dawam . ma davy mang blogger handal…
    semangat yah buat kalian dan makasih dah mw mewakili blogger warok
    .-= joresan freedom´s last blog ..Bayar ngenet pakai dollar =-.

  11. @arip kerep! Lek dafhy ki smangat! Rono sangu dollar kang..hwahaha!
    Smangat truz kotareyog

  12. jan tenan! boso jowone lancar babar pisan. . aku maleh bingung mocone! tapi mantafff. . aku melu kasih Do’a wae yo sederek!
    .-= lambang´s last blog ..Obsesi Tentara =-.

  13. translate pliss… kekeke…
    .-= dobelden´s last blog ..Ribetnya Install Compaq Presario V3908TU dengan XP =-.

  14. wah apik iki postingan boso jowo.. ayo lestarikne bosone dewe cah..
    .-= detx´s last blog ..Bagaimana Cara Meningkatkan Traffic Blog? =-.

  15. hebat tenan,..boso jowoan,.dadi kelingan majalahe mbahku jaman disik “penyebar semangat”
    .-= ririsnovie´s last blog ..Kebanjiran =-.

  16. Saya tunggu lagi artikel lainnya lagi dengan bahasa krama inggil. Gmana ada yang mau(tertantang)?
    .-= elvigto´s last blog ..Acara Hari Anak Nasional: melihat sebuah potensi anak Indonesia dari dekat =-.

  17. fotone elok timen cah! pengin mrono maneh ki!
    .-= Andy MSE´s last blog ..Wisata Blogger 2009: Batik Wonosobo =-.

  18. jan….critaane uapik sob…..tak tunggu kabar sakbare iki……salam kenal wae sob…….

  19. Sip tenan … Dieng yang sudah merana masih tetap indah
    .-= ajengkol´s last blog ..Wisata Blogger 2009 : Kenanganku =-.


Warning: _() expects exactly 1 parameter, 2 given in /home/kotareyo/public_html/blog/wp-content/themes/Weekly/comments.php on line 35

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *

*
*