Saktenane wis akeh sing nerangke babagan iki,tapi
aku nulis nang kene sopo ngerti ono gunane..
Babagan domain lan hosting mesthine wis podho ngerti..
Jaman saiki menowo mung arep gawe situs utowo blog iku
ora kangelan.. Wis akeh sing nyepaki sarana gratis kanggo
gawe situs utowo blog
sing rupo hosting sak subdomaine.. koyo dene wordpress.com lan
blogspot.com.
Semono ugo yo ono sing nyediani domain gratis kanthi fitur sing
werno werno.
Ono sing mung rupo redirect thok,ono ugo sing fiture lumayan komplet
senajan tanpo beyo.
Saiki ngrembug hosting gratis sing biso ditumpangi domain gratis.
Domain gratis sing fiture lumayan komplit antarane yaiku :
CO.CC.
Support DNS,Zone record/Type A/MX/Cname,URL forwarding.
CO.TV.
Support DNS,Zone record/Type A/MX/Cname,URL forwarding.
Dene Domain gratis sing gelem ditumpangi domain gratis koyo dene:
000WEBHOST.
Hosting gratis PHP MySQL support curl,fsockopen,.htacces lan isih akeh
liyane.
Masang domaine kanthi Set DNS.
KILU.DE.
Hosting gratis PHP MySQL support curl,fsockopen,.htacces lan isih akeh
liyane.
Masang domaine kanthi ZONE RECORD ( Type A utowo Cname ).
BPLACED.
Hosting gratis PHP MySQL support .htacces lan isih akeh
liyane.
Masang domaine kanthi ZONE RECORD ( Type A utowo Cname ).
BLOGSPOT.
Wis kondang nek hosting iki minongko hosting blog soko
GOOGLE sing biso
ditumpangi domain gratisan kanthi liwat Cname utowo Type A.
Minongko conto carane numpangke domain ing hosting,ing kene tak pilih
Domaine CO.TV lan hostinge
nganggo BLOGSPOT.
Sing mesthi syarate yo wis anduweni akun nang co.tv lan blogspot.
Soko papan aturan ( Panel ) domain co.tv > setup > Zone Record.
Kolom ‘Host’ diisi ‘www’ thok,ra usah ditambahi werno werno.
Kolom ‘Aux’ dikosongi. Kolom Type pilih ‘Cname’.
Kolom ‘Value’ diisi ‘ghs.google.com’.
Klik ‘Setup’. Set domain rampung..
Numpangke domain ing blogspot.
Soko Dasbor > Pengaturan > Publikasikan.
Soko publikasikan klik link’Domain Ubahsesuaian’.
Sakbanjure Ono pitakon’Anda sudah memiliki domain?’,
klik ‘Berpindah ke pengaturan lanjut’.
Ing papan sakbanjure ono kolom kanggo ngisi domain,ing kene
tulisno domain domain sing wis didaftarke nang co.tv mau.Ojo
lali nek nuliske domain kanthi diawiti ‘www’,umpamane domaine
‘wongmumet.co.tv’ nek nuliske ‘www.wongmumet.co.tv’.
Ing ngisore ono kode verifikasi kata..
Sakwuse nyalin kode verifikasi kata ing papan kang sumadyo
dipungkasi kanthi ngeklik ‘Simpan setelan’.
Numpangke domain nang blogspot rampung.
Menawane sakbanjure isih ono sing perlu diatur,iku iso disinauni dhewe.
=WERTO WERTO=
Fiture co.tv kalebu komplit.
Jalaran support mxrecord co.tv biso kanggo nunutke alamat email lewat google apps.
Aku yo tas njajal gawe email nunut google apps kanthi alamat email
<jeneng@bumireyog.co.tv> Papane nang
mailkita.bumireyog.co.tv. Menowo ono sing kepingin anduweni alamat mail koyo kuwi
kirimake jeneng lan sandi sing dikarepke marang <Wong@bumireyog.co.tv>
Wis lan maturnuwun

pertamax
.-= akang zhitoer´s last blog ..BENCANA…. Ujian atau Teror? =-.
apik kang
.-= riFFrizz´s last blog ..Efek Pelangi =-.
apik infone
.-= detx´s last blog ..Soal CPNS =-.
Mantabs inponya.
weh mantap kang
aku isih mending umbas hosting nang nggone kang Budi
eniwe, suwun atas infone. mbok menawa suk sak wayah2 enek sing njaluk tulung nyettingke custom domain, aku kan isa maca tulisan iki.
.-= Dawam Multazam´s last blog ..Dongeng Klise tentang Cemara =-.
@Dawam Multazam, wes tau njijal nolo kek..
.-= cah ndueso´s last blog ..aku pernah ke ponorogo,bioskopnya apollo kan naman… =-.
Wuih.. Judule ganti.. Hehehe
@Zo, iyo kang, ben luwih menarik tur isoh gampang nek arep digawe rujukan sedulur2 kabeh. intine, ben isoh bener2 dadi kawruh ngge sedulur kabeh. hehehe.
.-= Dawam Multazam´s last blog ..Dongeng Klise tentang Cemara =-.
Pengetahuan baru.
wah sip kang, aku nyoba http://www.arifudin.co.tv
lumayan penak mas. Murah dan simple… suwun mas infone…
.-= rahmat addy´s last blog ..Peringatan Hari Pariwisata Dunia / Nasional di Kabupaten Ponorogo tahun 2009. =-.
Wah aq wis tau nyoba ki neng http://www.smadapozone.co.cc
.-= elvigto´s last blog ..Green Computing for Dummies: Ramah Lingkungan ala TI =-.
wah.. aku kudu nyoba juga.. suwun infone kang
Apik kang, lagi iki aku ketemu blog basa jawa…. manteb tenan. Nggonku ya lagi rong dina wingi tak ganti domain, ternyata luwih penak, dadi cendak urle…
weh, jan andalan tenan, sik tak jajale disik mugo2 keno
nuwun kang infone
wah suwun dulur?????????bakal tak cobo???